Cerita ning Kudus

Sabtu, 20 Desember 2014

                                

Biyen kira-kira taun 1660 nalika Landa taksih jajah Indonesia lan ing taun sak menika Kudus taksih dipimpin Landa kang pada nguwasa lan rajani para warga Kudus. Ing wekdal menika wonten kejaden yaiku para Landa pada was-was lan keweden nalika ana prastawa rerampokan, paten-patenan, ingkang prastawa sakmenika gawe sengsaraning para warga lan para Landa kang ana ing Kudus.
Kejaden ingkang kaya mengkana diwiwiti saking daerah gunung Muria ingkang kados ana kejaden rerampokan kang dipimpin Surowage lan para prajurite, rerampokan sak menika suwe-suwe saya katekan daerah tinggale para Landa.
Landa kang mangerti sifat busuke para rerampok banjur padha nyegat lan nyerang para rombongan rerampok menika ingkang dipimpin Surawage, para Landa padha kalah lan padha bingung ngadepi para rempokan menika amergi Surawage lan prajurite pada duweni ilmu ingkang sae lan kuat  dening prajurit Landa, kaya dibedil mboten mati.
Saking kejaden kaya mangkono, para warga Kudus tetep padha kaweden pada kecolongan bandha ingkang para rerampok pada nindaki sak senenge dhewe. Pimpinane Landa ingkang dados Bupati ing Kudus, ngerasa was-was lan cobi ngutus salah sawijining prajurit utawa wong kepercayakane kangge ngalahake lan nyekel rerampok kang dipimpin Surawage yaiku Sowijoyo utawa sing akrab disebat Penthul.
Bupati Kudus ngendikani Penthul, “kowe ngerti yen Kudus saiki ana rerusuhan, lan para rakyat padha kaweden lan percaya marang pimpinan padha ragu kepriye menurutmu?” pitutur Bupati marang Penthul.
Penthul kang didawuhi menika meneng sadela, mikir lan ngucap “Kula nyuwun wekdalipun kangge mikir-mikir rumiyen ndoro, kinten-kinten 2 dina”. Yowes, tak enteni keputusanmu lan tak tunggu jawabanmu” jawabe Bupati.
Penthul kang diwenehi dawuhan marang Bupati banjur wangsul mulih ing griyane lan mikir-mikir maksud pituture Bupati, deweke kepikiran yen tugas gawe lawan lan ngusir para rerampok kang ana ing daerah muria menika abot, apa maneh yen para rerampok wau duweni ilmu ingkang sae lan kuat.
Penthul cobi jaluk pendapat saking tiyang istrinipun yaiku Siti Komariyah, nanging istrine ngendikani yen luwih apik jenengan jaluk petunjuk marang sing kuasa. Penthul banjur panjaluk dedonga marang gusti kang kuasa ingkang cobaan kang diadepi.
Kinten-kinten sampun 2 dina, Penthul banjur nemoni lan ngadep marang Bupati, deweke wenehi jawaban ingkang sae. Ngendikane Penthul mekaten “Ndara, kula sampun ngertos marang ucapane ndara nek dina wingi, miturut kula wibawa lan kepercayaan rakyat menika sanget penting apa meneh yen dheweke dilanda prastawa kaya mekaten. Kula purun yen kula ditugasi kangge ngusir para rerampok kang gawe sengsaraning para warga Kudus”.
Penthul nek kuwi pancen keputusanmu aku ngucapke maturnuwun kangge sifat kekendelanmu. Aku janji yen deweke isa ngusir lan mateni rerampok utamanipun Surawage deweke tak wenehi hadiah separune kuta Kudus kangge kowe”. Ucape Bupati marang Penthul.
Sendhika ndara, nanging kula nyuwun wektunipun malih kangge nyiapake perang lawan rerampok”. Jawabe Penthul. Penthul banjur kondur mulih lan deweke banjur mangkat menyang panggenan tetapanipun ing pinggir kali gelis.
Ing kali gelis Penthul tetapa pendem ngantos 40 dina, awake dipendem ing jero lemah lan sirahe sing taksih saged dingeti utawa ketok. Dheweke mboten dahar nanging ngunjuk sakrasan ngantos 40 dina.
Dirasa sampun 40 dina ingdalem tetapanipun, Penthul banjur lunga saking griyane lan pamitan marang garwanipun banjur tumuju griyane Bupati, dheweke matur yen dheweke sampun siap kangge lawan Surawage sak kanca-kancanipun ing gunung muria. Bupati kang katurunan Landa banjur ngutus setengahing prajurit kangge ngancani Penthul menyang muria.
Ing tengah-tengah perjalan, tepatipun ing daerah alas gunung muria Penthul lan para prajurit padha dicegat para rerampok, “He para prajurit, kowe kok rene arep milik mati!” Ucape rerampok marang Penthul sak kanca-kancane. Para prajurit langsung padha perang. Nanging rerampok kang duweni ilmu ingkang sae luwih unggul lan saget mateni prajurit Landa ngantos setengahing, Penthul kang kadesek amergi ngeti rencang-rencange padha mati banjur ngajak setengahing prajurit ingkang tesih urip mlayu ing alas-alas ing daerah gunung muria dumugi kira-kira aman saking kejaran rerampok.
Dikira sampun aman Penthul banjur lungguhan bebarengan karo kanca-kancane sinambi istirahat lan mulehke tenagane. Penthul tetapa lan jaluk petunujuk saking gusti kang kuasa mugi-mugi saget ngalahake para rerampok wau.
Ing tetapane Penthul ngipi lan pikantuk petunjuk yen rerampok mau duweni kelemahan kangge mateni yaiku ali-ali ingkang diagem ing driji tangane kuwi icalna utawa dilenyapake. Ing istirahate menika kira-kira 5 dina, Penthul lan kanca-kanca pada nyiapke cara bisane isa mateni para rerampok.
Penthul cerita lan matur marang kanca-kancane yen wektu perang mangke padha nyerang driji ingkang ana ali-ali kang dibeta para rerampok. Saking petunjuk kang ditampa, Penthul ngandani kanca-kancane.
Esuke Penthul mangkat menyang duwur gunung muria lan nemoni rerampok maneh. Arep tekan panggenane Surawage, Penthul lan kanca-kancane dicegat rerampok lan padha perang. Ing wektu perang menika Penthul luru pimpinane rerampok yaiku Surawage banjur padha perang tanding kang lumayan dahsyat lan mati-matian amergi padha duweni ilmu ingkang padha saene.
Suragawe kang awake kebal kaya dibacok ora mati, tanding lawan Penthul kang pada duweni ilmu ingkang sae kaya menika. Ing perang menika Penthul kaya singo kang duweni sifat kendel, wani, dheweke sampun ngerti kelemahane Suragawe yaiku ana ing ali-ali lan gelang ingkang diagem ana tangane.
Penthul banjur nyerang Suragawe terus ngantos dumugi ambruk lan mati ing kana kena pedang kang kagawa. Para prajurit kang padha perang lawan anak buahe Suragawe pada isa ngalahke para rerampok menika.
Penthul lan para prajurit kang pada saged ngalahake para rerampok banjur kondur balik menyang griyane Bupati lan wenehi berita ingkang sae yaiku Suragawe kalah, lan mati ing peperangan wonten gunung muria.
Bupati Kudus kang sadina-dina nunggu kabar saking Penthul lan para prajurit kang padha perang menyang gunung muria, kaget lan seneng katekan rombongan saking para prajurite. Sampun tekan griyane Bupati, Penthul matur yen dheweke lan para prajurit saged ngalahake rerampok utamanipun Suragawe kang padha mati ing laga perang.
Krungu pangucape Penthul, Bupati Kudus seneng ugi bakal wenehi hadiah lan bakalan nepati janjine yaiku separo daerah Kudus dipimpin Penthul. Esuke Bupati Kudus ngadakake upacara kang gedhe lan dingeti para sebagian warga Kudus sebagai tanda pangurmatan kangge jasanipun ingkang saget ngalahake para rerampok kang gawe sengsaraning warga.
Serah terima ditampa dening Penthul, dheweke kang biyene dadi wong kapercayaane Bupati lan dadi prajurit ing pemerintahan. Didadekake dados Adipati ingkang duweni gelar pangeran Singopadon amergi wektu perang Penthul duweni sifat kang kaya Singo yaiku kendel lan wani. Dheweke banjur manggon lan bertahta ing kampung Candi, daerah Kudus kulon ingkang daerahe menika sampun dipercayakake lan diserahake dening Penthul.
Pangeran Singopadon banjur mimpin ing daerah kampung Candi ngantos dumugi sedanipun. Dheweke ugi ngajak istri lan keluargane kangge pindah ing daerah dusun Candi.


0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket