Gurit-Gurit

Minggu, 14 Desember 2014


Cobi mirengke…rungokke…rasakke…
Suara apa to iki …
Sesilir angin sayup-sayup
Sirah kok padha mantuk-mantuk
Padha geleng-geleng
Suarane padha,banter unine
Jedag-jedug…jedag-jedug…
Apa talingan ora padha budeg!
Enak,kepenak kuwi sing dirasakke
Kekancan setan luwih enak iki
Udhut pundi udhute…
Pegha ireng kuwi dadi langit
Awak gentoyongan…
Ora apa-apa… sing penting enak.



Jaman saiki apa padha susah,
Apa padha ora enak,
Tulisen apa sing dak luru
Takokken marang mbah gugel
Kuwi guru kang ampuh saiki
Informasi,pawartos,pengetahuan kuwi isa dak sinauni
Nanging aja,yakin sing asmanipun mbah gugel
Kuwi durung mesti bener
Nek pancen bener yo kuwi bejamu
Geneo kok beja?

Nek panjaluk,kuwi sing bener panjaluk marang gusti kang maha kuas

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket