Gurit-Gurit

Sabtu, 29 November 2014


Dewekke wis ngadek
Cobi lumaku marang dalan kang dikira bener
Ora duwe rerasan getun
Kataris urep kang dipingini
Suryaning sadina-dina
Kekancan marang langit kang padhang
Kabusak dening rasa seneng, katutup rerasan keselipun
Ing dalem kesele saca,kanikmatan donya kang tumeka
Alon-alon deweke gadahi kapinginan, pitutur lan ucapan kang becik
Biyunge nanemke, aja gresula
Lakoni lan lakoni
Duh gusti
Gampangke uripe
Riasana dening kabecikmu
Resikke dening asta ingkang cepeng bandha
Padhangi dinane

Dening alusipun sang surya



Setitik banyu bulah-bulah ing cangker
Banyu kang bening, bening kang rerasan
Dak rasakke kanti alon
Sitik-setitik pega bulah-bulah kayata mega ing wektu awan
Sebul sitik-setitik, kanti tutuk lan lidhah
Karaos eca, sinambi bayangke kabecikkan kang muruping salira
Pijer, kagungan pikarepan
Pikarepan ingkang bakal kawujud

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket