Biyen kira-kira
taun 1660 nalika Landa taksih jajah Indonesia lan ing taun sak menika Kudus
taksih dipimpin Landa kang pada nguwasa lan rajani para warga Kudus. Ing wekdal
menika wonten kejaden yaiku para Landa pada was-was lan keweden nalika ana
prastawa rerampokan, paten-patenan, ingkang prastawa sakmenika gawe
sengsaraning para warga lan para Landa kang ana ing Kudus.
Kejaden
ingkang kaya mengkana diwiwiti saking daerah gunung Muria ingkang kados ana
kejaden rerampokan kang dipimpin Surowage lan para prajurite, rerampokan sak
menika suwe-suwe saya katekan daerah tinggale para Landa.
Landa
kang mangerti sifat busuke para rerampok banjur padha nyegat lan nyerang para
rombongan rerampok menika ingkang dipimpin Surawage, para Landa padha kalah lan
padha bingung ngadepi para rempokan menika
amergi Surawage lan prajurite pada duweni ilmu ingkang sae lan kuat dening prajurit Landa, kaya dibedil mboten
mati.
Saking
kejaden kaya mangkono, para warga Kudus tetep padha kaweden pada kecolongan bandha
ingkang para rerampok pada nindaki sak senenge dhewe. Pimpinane Landa ingkang dados Bupati
ing Kudus, ngerasa was-was lan cobi ngutus salah sawijining prajurit utawa wong
kepercayakane
kangge ngalahake lan nyekel rerampok
kang dipimpin Surawage yaiku Sowijoyo
utawa sing akrab disebat Penthul.
Bupati
Kudus ngendikani Penthul, “kowe ngerti
yen Kudus saiki ana rerusuhan, lan para rakyat padha kaweden lan percaya marang
pimpinan padha ragu kepriye menurutmu?” pitutur Bupati marang Penthul.
Penthul
kang didawuhi menika meneng sadela, mikir lan ngucap “Kula nyuwun wekdalipun kangge mikir-mikir rumiyen ndoro, kinten-kinten
2 dina”. “Yowes, tak enteni keputusanmu lan tak
tunggu jawabanmu”
jawabe Bupati.
Penthul
kang diwenehi dawuhan marang Bupati banjur wangsul mulih ing griyane lan
mikir-mikir maksud pituture Bupati, deweke kepikiran yen tugas gawe lawan lan
ngusir para rerampok kang ana ing daerah muria menika abot, apa maneh yen para rerampok wau duweni
ilmu ingkang sae lan kuat.
Penthul cobi jaluk pendapat saking tiyang
istrinipun yaiku Siti Komariyah, nanging istrine ngendikani yen luwih apik
jenengan jaluk petunjuk marang sing kuasa. Penthul banjur panjaluk dedonga
marang gusti kang kuasa ingkang cobaan kang diadepi.
Kinten-kinten
sampun 2 dina, Penthul banjur nemoni lan ngadep marang Bupati, deweke wenehi
jawaban ingkang sae. Ngendikane Penthul mekaten “Ndara, kula sampun ngertos marang ucapane ndara nek dina wingi, miturut
kula wibawa lan kepercayaan rakyat menika sanget penting apa meneh yen dheweke
dilanda prastawa
kaya mekaten. Kula purun yen kula ditugasi kangge ngusir para rerampok kang
gawe sengsaraning para warga Kudus”.
“Penthul nek kuwi pancen keputusanmu aku
ngucapke maturnuwun kangge sifat kekendelanmu. Aku janji yen deweke isa ngusir
lan mateni rerampok utamanipun Surawage deweke tak wenehi hadiah separune kuta
Kudus kangge kowe”. Ucape Bupati marang Penthul.
“Sendhika ndara, nanging kula nyuwun
wektunipun malih kangge nyiapake perang lawan rerampok”. Jawabe Penthul.
Penthul banjur kondur mulih lan deweke banjur mangkat menyang panggenan
tetapanipun ing pinggir kali gelis.
Ing
kali gelis Penthul tetapa pendem ngantos 40 dina, awake dipendem ing jero lemah
lan sirahe sing taksih saged dingeti utawa ketok. Dheweke mboten dahar nanging
ngunjuk sakrasan ngantos 40 dina.
Dirasa sampun 40 dina ingdalem tetapanipun, Penthul
banjur lunga saking griyane lan pamitan marang garwanipun banjur tumuju griyane
Bupati, dheweke matur yen dheweke sampun siap kangge lawan Surawage sak
kanca-kancanipun ing gunung muria. Bupati kang katurunan Landa banjur ngutus
setengahing prajurit kangge ngancani Penthul menyang muria.
Ing tengah-tengah perjalan, tepatipun ing daerah alas
gunung muria Penthul lan para prajurit padha dicegat para rerampok, “He para prajurit, kowe kok rene arep milik
mati!” Ucape rerampok marang Penthul sak kanca-kancane. Para prajurit
langsung padha perang. Nanging rerampok kang duweni ilmu ingkang sae luwih
unggul lan saget mateni prajurit Landa ngantos setengahing, Penthul kang kadesek
amergi ngeti rencang-rencange padha mati banjur ngajak setengahing prajurit
ingkang tesih urip mlayu ing alas-alas ing daerah gunung muria dumugi kira-kira
aman saking kejaran rerampok.
Dikira sampun aman Penthul banjur lungguhan bebarengan
karo kanca-kancane sinambi istirahat lan mulehke tenagane. Penthul tetapa lan
jaluk petunujuk saking gusti kang kuasa mugi-mugi saget ngalahake para rerampok
wau.
Ing tetapane Penthul ngipi lan pikantuk petunjuk yen
rerampok mau duweni kelemahan kangge mateni yaiku ali-ali ingkang diagem ing
driji tangane kuwi icalna utawa dilenyapake. Ing istirahate menika kira-kira 5
dina, Penthul lan kanca-kanca pada nyiapke cara bisane isa mateni para
rerampok.
Penthul cerita lan matur marang kanca-kancane yen wektu
perang mangke padha nyerang driji ingkang ana ali-ali kang dibeta para
rerampok. Saking petunjuk kang ditampa, Penthul ngandani kanca-kancane.
Esuke Penthul mangkat menyang duwur gunung muria lan
nemoni rerampok maneh. Arep tekan panggenane Surawage, Penthul lan kanca-kancane
dicegat rerampok lan padha perang. Ing wektu perang menika Penthul luru
pimpinane rerampok yaiku Surawage banjur padha perang tanding kang lumayan
dahsyat lan mati-matian amergi padha duweni ilmu ingkang padha saene.
Suragawe kang awake kebal kaya dibacok ora mati, tanding
lawan Penthul kang pada duweni ilmu ingkang sae kaya menika. Ing perang menika
Penthul kaya singo kang duweni sifat kendel, wani, dheweke sampun ngerti
kelemahane Suragawe yaiku ana ing ali-ali lan gelang ingkang diagem ana tangane.
Penthul banjur nyerang Suragawe terus ngantos dumugi
ambruk lan mati ing kana kena pedang kang kagawa. Para prajurit kang padha
perang lawan anak buahe Suragawe pada isa ngalahke para rerampok menika.
Penthul lan para prajurit kang pada saged ngalahake para
rerampok banjur kondur balik menyang griyane Bupati lan wenehi berita ingkang
sae yaiku Suragawe kalah, lan mati ing peperangan wonten gunung muria.
Bupati Kudus kang sadina-dina nunggu kabar saking Penthul
lan para prajurit kang padha perang menyang gunung muria, kaget lan seneng
katekan rombongan saking para prajurite. Sampun tekan griyane Bupati, Penthul
matur yen dheweke lan para prajurit saged ngalahake rerampok utamanipun
Suragawe kang padha mati ing laga perang.
Krungu pangucape Penthul, Bupati Kudus seneng ugi bakal
wenehi hadiah lan bakalan nepati janjine yaiku separo daerah Kudus dipimpin
Penthul. Esuke Bupati Kudus ngadakake upacara kang gedhe lan dingeti para
sebagian warga Kudus sebagai tanda pangurmatan kangge jasanipun ingkang saget
ngalahake para rerampok kang gawe sengsaraning warga.
Serah terima ditampa dening Penthul, dheweke kang biyene
dadi wong kapercayaane Bupati lan dadi prajurit ing pemerintahan. Didadekake
dados Adipati ingkang duweni gelar pangeran Singopadon
amergi wektu perang Penthul duweni sifat kang kaya Singo yaiku kendel lan wani.
Dheweke banjur manggon lan bertahta ing kampung Candi, daerah Kudus kulon
ingkang daerahe menika sampun dipercayakake lan diserahake dening Penthul.
Pangeran Singopadon banjur mimpin ing daerah kampung
Candi ngantos dumugi sedanipun. Dheweke ugi ngajak istri lan keluargane kangge
pindah ing daerah dusun Candi.
0 komentar:
Posting Komentar