Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Gurit-Gurit

Minggu, 11 Januari 2015


Inggil tenan pucuke
Aku kepingin rana
Kepingin ning pucuk
Dudu pucuk gunung
Dudu pucuk ghodong
Dudu pucuk wit
Nanging, Pucuk Menara
Pucuk Impenku
Pucuk kekarepanku



Ceritamu saben sak wayah-wayah
Mashur kanti padha kenal
Cilik, Gedhe, Enom, Tuwa
Ramayana lan Mahabarata
Kuwi Ceritamu,Carita kang leluhur
Sak wengi muput kanti pajar
Dalang, Sinden, lan Pengrawit Kuwi Kanca plek
Kanca saperjuwangan


Gurit-Gurit


Tak tampa wewehanmu
Kanti ati kang ikhlas
Dedongaku marang gusti kang kuasa
Mugi-mugi diwenehi keselametan donya akhirat
Sandhang elek mugiyo dadi sing apik
Aku mung bisa ngucap menika





Srengenge kang kuasa wektu esuk
Lan madhangi donya wektu sakmana
Kalah karo wektu kang saya surup
Saya petheng
Suara adhan, wenehi tandha wektu sembahyang
Wit-witan, godhong-godhong padha layu
Jangkrik wes padha ngerik
Krik… krik… krik…
Nanging delengen, bunderan ing langit
Kang padhang sinare
Apa maneh kekancan karo lintang kang padha kelip-kelip
Kaya kakang, adhi kang padha dolanan akur


Gurit-Gurit

Rabu, 07 Januari 2015


Sumibrit angin
Wus… wus…
Ngeti sliramu serasa adhem ayem
Langkah samparanmu
Tak-tuk-tak-tuk
Serasa suara detikan jam,ingkang kaasta marang awakmu
Suara gamelan nambahi keendahan marang tekamu
Ning… nang... ning… glung… glung… glung…
Setitik lirikan sacamu, yakinake        
Nek awakku lan awakmu kapingin padha kenal



Mripat loro kerasa abot panggawe ngeti
Pikiran kerasa abot
Awak kerasa lemes
Dhuh… adhuh… kena apa iki…
Angin sumibrit gawe enak rerasane awak
Mripat loro saya suwe pengin merem
Lelagon tembang Jawa nambahi kepenak ing pikiran
 Whus…. whus… whus….
Awak sesendenan ing singgasana lelungguhan
Ngeti jagat saya suwe arep ilang

Brak… ambruk awak iki

Gurit-Gurit

Senin, 05 Januari 2015


Edan tenan!
Kok donyane kaya kebak wong edan
Dolan kanepson, mung kanggo nyamikan
Tansaya akeh nyawa nyawa ilang, krasa enak
Oalah!
Saya suwe obahe tangan-tangan
Entheng banget
Nggegem glathi kanggo nyuwek wektu
Tanpa rasa kelangan ati
Sanajan iku yekti
Ah!
Dina-dina krasa karoban jurit
Mrangguli kahanan kebak rasa jumawa
Menawa wis dadi manggala yuda
Setan!
Wis!
Aja di gagas sesawangan iki
Aja dicritakake anak putu
Menawa jaman wis lumingsir



Wis wancine grimis mudhun saka langit sak ngisore garis udan
Ora prelu sumendhe ing pitakonan,apa wis wancine mangsa labuhan ?
Mangsa owah-owahan wis suwe ditinggal wara-wara lan pranyatan sah
Tumiyube angin wis cukup kanggo kirim pawarta
Langit kemul mega
Wis cukup kanggo tandha yen lagi ana apa-apa sing bakal tumiba
Nibani bantala


Gurit-Gurit

Jumat, 02 Januari 2015


Ireng buteng tanpa sinar
Tanpa geni
Tanpa lilin
Tanpa dilah
Rembulan ora padha katon sipate
Lintang padha lelungan ora katon kaya biyasane
Pratandha apa iki
Menungsa padha golek pepadang
Padha dedongan marang kang gawe urip
Padha ngurus awake dhewe-dhewe
Nyeseli perkara kang wus kalakonan
Golak-galok panjaluk ampunan




Atosing penggalihmu
Saiki, aku pancen nora bisa
Aku nora bisa panjaluk
Lan panjaluk
Nanging sak atos-atosing penggalihmu
Mesti bakalan pecah
Lan sing mecahke menika aku
Lan aku panjaluk
saking dasaring penggalihmu
Aku katresnan marang sliramu


Gurit-Gurit

Sabtu, 20 Desember 2014


1, 2, 3, 4, 5
Iku aran angka...
Ha,Na,Ca,Ra,Ka
Kuwi aksara jawi
Kuwi warisan saking leluhur kita
Kudu di jaga,di sinauni
Jupukken, wariske marang anak putumu
Becik ya becik, ala ya ala




Elingen wektu
Panas san saya panas
Srengenge san saya duwhur
Keringetmu san saya tumetes
Gegawe aja reribet
Elingen marang sing kuasa
Iki wis wektune sembahyang dhuhur
Lerennen sik panggaweanmu
Dedonga marang sing gawe urip
Gawe sangu tabungan wektu kapanggihan akhir



Gurit-Gurit

Minggu, 14 Desember 2014


Cobi mirengke…rungokke…rasakke…
Suara apa to iki …
Sesilir angin sayup-sayup
Sirah kok padha mantuk-mantuk
Padha geleng-geleng
Suarane padha,banter unine
Jedag-jedug…jedag-jedug…
Apa talingan ora padha budeg!
Enak,kepenak kuwi sing dirasakke
Kekancan setan luwih enak iki
Udhut pundi udhute…
Pegha ireng kuwi dadi langit
Awak gentoyongan…
Ora apa-apa… sing penting enak.



Jaman saiki apa padha susah,
Apa padha ora enak,
Tulisen apa sing dak luru
Takokken marang mbah gugel
Kuwi guru kang ampuh saiki
Informasi,pawartos,pengetahuan kuwi isa dak sinauni
Nanging aja,yakin sing asmanipun mbah gugel
Kuwi durung mesti bener
Nek pancen bener yo kuwi bejamu
Geneo kok beja?

Nek panjaluk,kuwi sing bener panjaluk marang gusti kang maha kuas

Gurit-Gurit

Sabtu, 29 November 2014


Dewekke wis ngadek
Cobi lumaku marang dalan kang dikira bener
Ora duwe rerasan getun
Kataris urep kang dipingini
Suryaning sadina-dina
Kekancan marang langit kang padhang
Kabusak dening rasa seneng, katutup rerasan keselipun
Ing dalem kesele saca,kanikmatan donya kang tumeka
Alon-alon deweke gadahi kapinginan, pitutur lan ucapan kang becik
Biyunge nanemke, aja gresula
Lakoni lan lakoni
Duh gusti
Gampangke uripe
Riasana dening kabecikmu
Resikke dening asta ingkang cepeng bandha
Padhangi dinane

Dening alusipun sang surya



Setitik banyu bulah-bulah ing cangker
Banyu kang bening, bening kang rerasan
Dak rasakke kanti alon
Sitik-setitik pega bulah-bulah kayata mega ing wektu awan
Sebul sitik-setitik, kanti tutuk lan lidhah
Karaos eca, sinambi bayangke kabecikkan kang muruping salira
Pijer, kagungan pikarepan
Pikarepan ingkang bakal kawujud
 
Design by Pocket