Nalika sepedha
motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose
nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen
seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani, ora
susah nanggapi kabar angina sing during karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak
Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.
“Nanging
Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakoku mantebke.
“Ya
ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, “wangsulane tegas.
“Wiwit
cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik mangkono. Yen
ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi dhuwitku utawa
dhuwite embokne?”
“Yen
pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi nesu-nesu?”
“Aku
ora nesu. Sapa sing nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen
anakku becik-becik wae anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti.”
“Apa
kabeh tangga-tangga sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana
empere. Selagine aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik
uga nyimpen rasa sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake
iku ora duwe gaweyan kang mesthi.
Dheweke
iku dudu petani, wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku
pedagang, malah ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi.
Nanging sejatine ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung
mrana-mrene. Embuh, menyang ngendi wae parane.
Nalika
ing sawijining wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon
mangsuli, menawa menawa anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu
dikuwatirke. Sing penting mulih bias nggawa dhuwit,” wangsulane karo ngguyu
nggleges. “Mosok sampeyan ki kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha.” Lan
aku uga melu ngguyu.
Ndalem
batin aku kurang percaya. Nanging gendheng katone dheweke tetep ora gelem ngaku
apa gaweyane., mula amrih ora gawe gela atine, aku ngenggokake gunemku menyang
bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing sekolah SD wae mbuh lulus mbuh
ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok mung cocog minangka kuli angkut
beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol ing terminal. Lan iku kabeh ora
mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe tangga-tanggane. Apa maneh
lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora kurang saka sepasar, malah
sok-sok nganti rong minggu barang.
Dene
Gendhon dhewe, nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau
sapejagong pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas
pethukan ing ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakkne,
Gendhon yen lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.
Prasangka
alane tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakkne, dak kira disebabake klawan
sipate wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah,
nanging beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga
ora tau gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa.
Sikap
lan sipate Gendhon lan Bapakke iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora
gelem srawung lan kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora
cetha apa gaweyane, lan sapanunggalane.
0 komentar:
Posting Komentar