Sinahu menika pancen wajib dilakoni menungsa
kangge ngerti apa wae sing ana ning alam donya. Pinter lan ngerti menika ukara
sing pas kanggo gambarake menungsa kang padha sinahu. Sinahu bisa gawe kita
sedaya dados ngerti apa wae kahanan ingkang ala lan becik. Indonesia tahu di
gawe jajahan para negara-negara kang maju kaya Landa, Jepang, Portugis menika
sebabe Indonesia tesih padha bodho-bodho. Apa wae sing di kongkon dening para
penjajah dilakoni para rakyat Indonesia. Prastawa kaya mangkana, uga mboten
kepingin malih dilakoni dening para rakyat Indonesia.
Wajib sinahu menika sing di unekke, di suwarakake ning
Indonesia saiki, nanging kahanane marang kurikulum utawa patokan aturan sinahu
ning Indonesia apa ya wes bener?.
Tanggepan
Murid lan guru kudu padha narima, apa sing di umumke dening
pemerintah. Nanging nyatane, sing padha siap narima kurikulum 2013 ya padha
tegak ngenani aturan sing anyar, amergi sekolahe sampun dados maju lan duweni
syarat kanggo ngelakoni kurikulum 2013. Nanging bedha kanggo sekolah kang
durung diarani maju, sarana lan prasarana tesih ana batesan utawa kekirangan.
Para murid lan guru kang ngerasa duweni kekirangan ngerasani aturan anyar kaya
dene meksa, amergi sing ngelakoni. Kaya dene tuturane salah sawijining guru ing
Sekolah MA NU Nurussalam ing daerah Kendal yaiku Bapak Qulyubi kang kamuat
dening berita Metro news ing wekdal
13 September 2014. Nanging bedha dening tuturane murid saking SMA 1 Jakarta
yaiku Fina, miturute kurikulum 2013 gampang dipun pahami amergi sarana lan
prasarana ingkang ngebantu ing dalem dening sinau, kaya dene internet,
proyektor lan liya-liyane.
Setuju lan ora setuju menika sing dirasakake dening
guru-guru lan murid-murid ngenani masalah patokan kurikulum 2013.
Guru lan lan murid sing ngelakoni anyare kurikulum ngerasa
ana sing seneng lan ana sing ngerasa susah. Ora sepantese rerasan dilakoni,
utamane kanggo murid kang padha semangat golek ilmu kanggo ngenani masa depane,
apa yo kudu di bot-bot masalah patokan sinahu kang sabenere. Perubahan menika
pancen apek, nanging nalika perubahan menika dereng dibarengi dening
aspek-aspek ingkang dados dukungan kangge wujud perubahan nggih luwih becik
dilakoni nganti cara tembung alon-alon sing penting kelakon.
Pemerintah kang duweni tanggung jawab, miturut Anies
Baswedan menteri anyar kang dilantik Perseiden Joko Widodo lan ngejabat dados
Kemendikbud nggenteni menteri sadurunge M. Nuh, wenehi kebijakan ngenani
kahanan kurikulum kang dadi masalah ing sekolah-sekolah. Ing tanggal 5 Desember
2014, dheweke ngendheg kurikulum 2013 kangge sekolah kang durung padha siap
ngenani Kurikulum kang anyar lan di gantos dening KTSP, kurikulum sadurunge.
Nanging kangge sekolah kang padha siap ing dalem segi sarana lan prasarana
kangge kurikulum 2013 menika saged silanjutke kemawon. Keputusan dening Pak
Anis menika dados gawe pitakonan dening para warga Indonesia, kaya dene ganti
pimpinan, aturan ya padha ganti.
Tetembungan menika, inggih ana bener lan salahe. Nanging
kaya dene masalah kaya mengkene lan bukti ning lapangan kang padha akeh rerasa
saking pihak kang ngelaksani, putusan saking Menteri Kemendikbud perlu diwenehi
sambutan ingkang sae.
Becik lan sukses menika sing dikarepake dening sakabehane menungsa,
utamanipun para pimpinan ning Indonesia kang diwenehi amanah saking para warga
Indonesia. Cara lan kebijakan-kebijakan kang dijalanake menika mesti nunjukake
kahanan ingkang nuduhake kabecikan. Nanging, sisitem-sistem, komponen-komponen
kang dados dasar tujuan dening perubahan Kurikulum perlu di tiliki maneh apa
wae ingkang dados kekirangan, supados para pelaksana (murid, guru) mboten
duweni keluhan lan ngelakoni dumugi rasa kepenak.
0 komentar:
Posting Komentar