Dekwingi
ana kejaden maling kang jupuk dompet kang mulus lan kebak isine kang rena-rena ana
ing sak celanane wong nalika ana ing reramene pasar. Maling menika kang pinter
ora kecekel dening wong-wong kang padha playon ngalor-ngidul, ngetan-ngulon
goleki maling kang playune cumlorot kaya dene kilat wingi sore. Pak Sabar kang
brengose nyekatak kaya rambut reog Ponorogo, ngos-ngosan ngajak utawa mlayoni maling
mahu. Deweke wis ora kuat lan nyerah ing tengah dalan, perkara kabotan gawa
weteng kang gemblondong kaya diiseni bal.
“
Aduh-aduh, mlayu kok abote kaya ngene?”
“Maling
mahu yo pinter maneh, playune cepet, saumpama dilombakake marathon menang atake. Ha..ha...” , grememge Pak Sabar nganti
ngos-ngosan.
Para warga kang padha mlayoni mahu ya
padha wae nyerah ngajak maling, kang wus ora ketok rupane. Deden bocah nom kang
bergas tanggane pak Sabar, kang melu mlayoni maling mahu ketemu dening pak
Sabar kang lagi mlaku goleki gon iyupan kanggo ngadem.
“Lo,
pak Sabar to? Arep tindak pundi pak?”
Ucape Deden nganti radu sopan.
“Arep
luru nggon iyupan ger!, melu ngajak maling malah ora ketemu. Tak rewangi wetengku
suduken ngene lo?”
“Ha..ha..jenengan
melu ngajak-ngajak maling to, pak? Nek jenengan melu ngajak maling yo jelas ora
kuat to pak? Lah reti dewe, awakmu kaya ngono kuwi e...”
“
Lo cah nom, ngece wong tuwa kuwe?”
saute pak Sabar, nganti rada nesu.
“Sante-sante,
pak Bar? Woles-woles? eling tangga? Ha..ha.... ‘’. Jawabe Deden nganti mesem marang pak
Sabar.
“Wis
saiki ayo padha ngaso ning warung, kae lo, cedak pol!”
Deden
lan pak Sabar banjur menyang warung, ning kana wong loro mahu kang tetangganan
padha ngaso sinambi jejagongan lan dikancani es teh kalih gorengan kang sampun
di pesen. Ing warung Deden guya-guyu kelingan nek ngeti pak Sabar mloya-mlayu.
“Kowe
ngopo ger, guya-guyu ora jelas ngono, lagi stres apa?”. Saute pak Sabar sinambi mangan
mendowan.
“Ora
pak. Aku isih kelingan marang jenengan wektu ngajak-ngajak maling mahu”. Jawabe
Deden.
“Kok
isih di bahas ngece maneh kowe yo?”
“Aku
aneh marang maling sakniki, kira-kira motivasine apa yo, kok wani-wani jupuk barange
wong”. Ucape pak Sabar
sinambi ganti tema guyonane Deden kang dirasa ngece tenan.
“Yo
lagi butuh to pak?, wong jenenge sifat ala kaya mangkana mestine lak lagi ana kepepet
marang kebutuhane kanggo gawe urep”.
“Nanging,
nek lagi butuh tur dilakoni nganti nyolong lak yo doso to ger?”. Saute pak Sabar.
“Yo
pancen doso pak?, jenenge nyolong kok”.
Ucape Deden, nganti di sambi udut.
Ora
kerasa jagongane pak Sabar lan Deden nganti krungu suwara adan Dhuhur, wong loro
mahu banjur ngentekake pakanane kang isih ana ing piring lan gelas kang cumepak
ing ngarepe. Deden kang rumangsa duweni ewuh-pakewuh marang pak Sabar, ngetokake
dompete kang bentuke klimis, gaweyan saka kulit. Pak Sabar kang uripe sampun
mapan, ora kalah marang bocah enom tanggane menika deweke ngetokake plastik
lerek-lerek ireng. Deden kang ngerti kaget.
“
Apa menika pak? Sabu yo, astagfirullah pak-pak...”. Takone Deden kang kaget ngeti sing di
gawa pak Sabar.
“Sabu
gundulmu kuwi, iki dompetku, bandaku, isine kandel ora kaya genmu tipis kesinge
tok sing apaek”. Saute
pak Sabar nganti banggakake dompete.
“Dompet
apa kuwi, dompet kok jadul kaya ngana?”.
“Saiki,
dompet anti maling ya kaya ngene iki. Rupane plastik, penting isine?. Ha..ha..
maling ora bakal ana sing wani jupuk, wong ngeti wujude ora janjeni kok. Wes
ger tak bayare pakanan iki, dompetmu lebokake ning sak sakumu maneh, aku ngerti
dompetmu isine tipis”.
Ucape pak Sabar nganti bangga marang dompete.
“Yo,
percaya-percaya marang pituturmu pak?, tak tampa saranmu lan pangajakmu”. Saute Deden kang lagi diece dening pak
Sabar.
Pak
Sabar banjur bayar pakanan kang dipesen menika. Deweke lan Deden banjur kondur
mulih bebarengan sinambi jejagongan ing dalan.
0 komentar:
Posting Komentar