Cerkak

Sabtu, 10 Januari 2015


Dekwingi ana kejaden maling kang jupuk dompet kang mulus lan kebak isine kang rena-rena ana ing sak celanane wong nalika ana ing reramene pasar. Maling menika kang pinter ora kecekel dening wong-wong kang padha playon ngalor-ngidul, ngetan-ngulon goleki maling kang playune cumlorot kaya dene kilat wingi sore. Pak Sabar kang brengose nyekatak kaya rambut reog Ponorogo, ngos-ngosan ngajak utawa mlayoni maling mahu. Deweke wis ora kuat lan nyerah ing tengah dalan, perkara kabotan gawa weteng kang gemblondong kaya diiseni bal.
“ Aduh-aduh, mlayu kok abote kaya ngene?”
“Maling mahu yo pinter maneh, playune cepet, saumpama dilombakake marathon menang  atake. Ha..ha...” , grememge Pak Sabar nganti ngos-ngosan.
Para warga kang padha mlayoni mahu ya padha wae nyerah ngajak maling, kang wus ora ketok rupane. Deden bocah nom kang bergas tanggane pak Sabar, kang melu mlayoni maling mahu ketemu dening pak Sabar kang lagi mlaku goleki gon iyupan kanggo ngadem.
“Lo, pak Sabar to? Arep tindak pundi pak?” Ucape Deden nganti radu sopan.
“Arep luru nggon iyupan ger!, melu ngajak maling malah ora ketemu. Tak rewangi wetengku suduken ngene lo?”
“Ha..ha..jenengan melu ngajak-ngajak maling to, pak? Nek jenengan melu ngajak maling yo jelas ora kuat to pak? Lah reti dewe, awakmu kaya ngono kuwi e...”
“ Lo cah nom, ngece wong tuwa kuwe?” saute pak Sabar, nganti rada nesu.
“Sante-sante, pak Bar? Woles-woles? eling tangga? Ha..ha.... ‘’. Jawabe Deden nganti mesem marang pak Sabar.
“Wis saiki ayo padha ngaso ning warung, kae lo, cedak pol!”
Deden lan pak Sabar banjur menyang warung, ning kana wong loro mahu kang tetangganan padha ngaso sinambi jejagongan lan dikancani es teh kalih gorengan kang sampun di pesen. Ing warung Deden guya-guyu kelingan nek ngeti pak Sabar mloya-mlayu.
“Kowe ngopo ger, guya-guyu ora jelas ngono, lagi stres apa?”. Saute pak Sabar sinambi mangan mendowan.
“Ora pak. Aku isih kelingan marang jenengan wektu ngajak-ngajak maling mahu”. Jawabe  Deden.
“Kok isih di bahas ngece maneh kowe yo?”
“Aku aneh marang maling sakniki, kira-kira motivasine apa yo, kok wani-wani jupuk barange wong”. Ucape pak Sabar sinambi ganti tema guyonane Deden kang dirasa ngece tenan.
“Yo lagi butuh to pak?, wong jenenge sifat ala kaya mangkana mestine lak lagi ana kepepet marang kebutuhane kanggo gawe urep”.
“Nanging, nek lagi butuh tur dilakoni nganti nyolong lak yo doso to ger?”.  Saute pak Sabar.
“Yo pancen doso pak?, jenenge nyolong kok”. Ucape Deden, nganti di sambi udut.
Ora kerasa jagongane pak Sabar lan Deden nganti krungu suwara adan Dhuhur, wong loro mahu banjur ngentekake pakanane kang isih ana ing piring lan gelas kang cumepak ing ngarepe. Deden kang rumangsa duweni ewuh-pakewuh marang pak Sabar, ngetokake dompete kang bentuke klimis, gaweyan saka kulit. Pak Sabar kang uripe sampun mapan, ora kalah marang bocah enom tanggane menika deweke ngetokake plastik lerek-lerek ireng. Deden kang ngerti kaget.
“ Apa menika pak? Sabu yo, astagfirullah pak-pak...”. Takone Deden kang kaget ngeti sing di gawa pak Sabar.
“Sabu gundulmu kuwi, iki dompetku, bandaku, isine kandel ora kaya genmu tipis kesinge tok sing apaek”. Saute pak Sabar nganti banggakake dompete.
“Dompet apa kuwi, dompet kok jadul kaya ngana?”.
“Saiki, dompet anti maling ya kaya ngene iki. Rupane plastik, penting isine?. Ha..ha.. maling ora bakal ana sing wani jupuk, wong ngeti wujude ora janjeni kok. Wes ger tak bayare pakanan iki, dompetmu lebokake ning sak sakumu maneh, aku ngerti dompetmu isine tipis”. Ucape pak Sabar nganti bangga marang dompete.
“Yo, percaya-percaya marang pituturmu pak?, tak tampa saranmu lan pangajakmu”. Saute Deden kang lagi diece dening pak Sabar.

Pak Sabar banjur bayar pakanan kang dipesen menika. Deweke lan Deden banjur kondur mulih bebarengan sinambi jejagongan ing dalan.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket