Esay

Sabtu, 10 Januari 2015


                    
UNNES kuwi luas, amba, gedhi, adhem, asri, indah lan unggul mulane Universitas kang ana ing Semarang iki dados salah sawijining unggulan ing daerah Jawa Tengah. UNNES nuduhake marang Indonesia lan Universitas-universitas liya dados Universitas kang Konservasi lan dikukuhke ing wekdal 12 Maret 2010 dening Prof. Dr. Ir. M. Nuh. Universitas kang nresnani alam, jaga alam supaya ora dados rusak dening keserakahan manungsa.
Daerah UNNES kang ijo royo-royo supados gawe seneng para mahasisiwa lan tamu-tamu saking jaba UNNES kang pada teka lan mertamu, utamane       mahasiswa kang dereng ngerti UNNES menika. Unsur-unsur menika diwujudake kaya dene tandur-tandur wit-witan kang dilakoke saben-saben mahasiswa, budidaya sampah-sampah kang dados salah sawijining jaga karesikan alam. Unsur kaya mangkana wujud kang dados nuduhake marang sifat dening konservasi. Sakniki UNNES apa ya tesih diarani konservasi?
Tanggepan
Mahasiswa kang padha golek ilmu ing UNNES sakniki padha duweni tetakonan marang program kang dicanangke dening UNNES sakniki. Wit-witan kang biyene gedhi, subur, ijo royo-royo ing sisih kilen daerah rektorat, auditorium sakniki kok ya dados gundul, malah ana mobil proyek riwa-riwi nggawani watu-watu, semen-semen. Wujud menika apa ya tesih nyandang daerah ijo?
Kaya dene sing diutarakake salah sawijining mahasiswa Jurusan Hukum ing UNNES yaiku Fandi Muhammad semester 3, miturute konservasi UNNES saiki perlu di takokake bener utawa salahe, biyen saking para pak Dekan, pak Rektor mbanter-mbanterkake “UNNES konservasi- UNNES konservasi”, kaya dene progam wajib nandur wit-witan. Nanging sakniki pitutur menika kaya dene isapan jempol tok.
Gedung-gedung pancen arep didekke ning kana, nanging gedung apa maneh sing arep didekke? Wit-witan kang karumat awit jaman bayi nganti gedhi-gedhi dadi sasaran, korban-korban progam kang di canangke penguruse UNNES. Negor wit-witan menika apa ya dados wujude korban konservasi?
Sabenere masalah UNNES menika kathah, kaya masalah parkiran motor Mahasiswa, parkiran menika kaya dene nyusahke dening mahasiswa. Sing arep parkir kudu nyisihke motor-motore ning ara-ara kaya parkiran ning daerah Fakultas Ilmu Sosial.
Wujud masalah liyane menika kaya parkiran ing daerah Fakultas Ilmu Keolahragaan lan Fakultas Teknik, motor-motor kang arep parkir ning Fakultas menika kudu lewat daerah kampung Sekaran (Gang Cempaka Sari).
Kejaden kaya mengkana sempet gawe warga ing gang Cempaka Sari ngerasa ana keluhan. Kaya sing dirasakake Ibu Koyimah kang duweni Warteg, miturute saking pihak UNNES mboten kedah wenehi kajelasan ngenani katerusan para motor mahasiswa lewat gang Cempaka Sari lan padha aktivitas ning kampus.
Prastawa menika pancen kudu diluru dalan metune supaya warga lan pihak UNNES ora ana salah paham ngenani masalah kaya ngana, lan mahasiswa ngerasa duweni sifat pakewuh nalika metu lan ketemu dening para warga gang Cempaka Sari.

Kejelasan saking para pengurus UNNES menika perlu diutarakake dening mahasiswa, supaya mboten dadekake salah paham ngenani masalah kang di adepi dening UNNES lan para mahasiswane. UNNES nek pancen konservasi ayo padha bareng-bareng wujudake misi lan visine. Lingkungan kang dianggep penting ning jero kampus, ayo padha-padha dijaga kalestariyane. Nanging sikap bebuka nggih kudu ditanemke dening para pengurus UNNES supaya mboten dadekake pitakonan dening para mahasiswa lan saben wong kang padha kepengin ngerti UNNES menika pancen konservasi?.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket