Gurit-Gurit

Senin, 05 Januari 2015


Edan tenan!
Kok donyane kaya kebak wong edan
Dolan kanepson, mung kanggo nyamikan
Tansaya akeh nyawa nyawa ilang, krasa enak
Oalah!
Saya suwe obahe tangan-tangan
Entheng banget
Nggegem glathi kanggo nyuwek wektu
Tanpa rasa kelangan ati
Sanajan iku yekti
Ah!
Dina-dina krasa karoban jurit
Mrangguli kahanan kebak rasa jumawa
Menawa wis dadi manggala yuda
Setan!
Wis!
Aja di gagas sesawangan iki
Aja dicritakake anak putu
Menawa jaman wis lumingsir



Wis wancine grimis mudhun saka langit sak ngisore garis udan
Ora prelu sumendhe ing pitakonan,apa wis wancine mangsa labuhan ?
Mangsa owah-owahan wis suwe ditinggal wara-wara lan pranyatan sah
Tumiyube angin wis cukup kanggo kirim pawarta
Langit kemul mega
Wis cukup kanggo tandha yen lagi ana apa-apa sing bakal tumiba
Nibani bantala


0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket