Esay

Sabtu, 10 Januari 2015

                 
Demam Berdarah utawa sing akrab disebat DB inggih punika sawijining penyakit ingkang disebabake lamuk aidesaidipti. Penyakit ingkang kaya mekaten kaperlu diwaspadani lan dipangerteni amergi saged gawe gerah ing awak lan saged ngilangake nyawa manungsa.
Demam Berdarah katah ditemukake ing daerah tropis lan subtropis. Lan data saking sakabehing dunia nyebataken yen Asia menika nempati urutan ingkang kawiwitan saking jumlah ingkang kena DB. Saben taune menika, kaitung saking warsa 1968 dumugi taun 2009.
WHO ugi nyatet yen negara Indonesia ugi negara ingkang katah lan utama saking wabah DB ingkang sakAsia Tenggara. Ing Indonesia penyebaran DB ingkang katah miturut Direktur Jendral Kesehatan RI ingkang kadapuk saking bulletin jendela epidemiologi menika ing taun 2009, kejaden peningkatan saking jumlah wabah penyakit DB utamanipun ing daerah Maluku ingkang presentasenipun ngantos dumugi 10 persen . Jumlahe menika inggih jumlah ingkang sae kena katimbal dening wabah gejala lan ngantos dumugi kematian. Kematianipun saged dipersenke ngantos 35 persen. Lan ingkang ngalami gejala ugi 44 persen.
Panyebaran DB menika saget kita perlu waspadani lan deg-degani, utamanipun ing wektu musim rendeng utawa musim udan, ingkang musim sakmenika biyasane musim pambibitane lamuk-lamuk. Panyebaranipun biasane ing panggenan ingkang ketoh kayata, ing gorong-gorong omah ingkang boten kaurus, ing dalem bak kangge siram, ing dalem tumpukan-tumpukan sampah.
Panyebab ingkang katah biyasanipun nalika daerah ingkang kedah kena bajir, sampah pada numpuk, banyu pada ketoh lan karesikan ugi angel jagane. Panggenan ingkang kaya mekaten ugi gampang panularan lan pambibitane lamuk DB.
Tanda-tanda penyakit DB ugi saged ditimbali nalika awak utawa badan kerasa gerah lan gerahipun inggih nalika muncul demam ingkang katerusan, disertani dening sirah ingkang kerasa ngelu lan pegel-pegel, tanda ingkang liyane ugi ing weteng kerasa mules lan muwal, sendi-sendi pada pegel lan otot ing jeroning awak pada kerasa kemeng. Nalika kaya mengkene ugi pada cepet dipriksakake lan digawa ing puskesmas, rumah sakit supaya dokter bisa nangani penyakit kaya mengkene.
Pemerintah lan para masyarakat ugi kudu pada tanggep ngenani gejala lan wabah DB. Sistem utawa caraning pemerintah kangge ngenani kahanan DB ugi perlu dianyari supaya para masyarakat pada maksud lan pada ngerti kepriye cara jaga lingkungan ingkang sae lan kepiye carane supaya lingkungan mboten digawe omahe utawa sarange lamuk.
 Terobosaning pemerintah kadang mboten digatekake dening para warga lan masyarakat ingkang ngenani kahanan masalah penyakit DB. Terobosaning pemerintah kangge nanggulangi penyakit DB kang progame kaya 3M (Menguras bak mandi, Menutup bak mandi, Mengubur barang bekas) lan kaya penyemprotan vaksin anti lamuk ingkang kalakon ning omah-omah kadang ditanggepi dening warga ingkang kaya kegiatan mekaten menika sampun kegiatan pemerintah biyasa lan lamuk bakalan ilang. Nanging para warga kudu pada sadar yen vaksin ingkang disemprotake ing omah-omah menika mboten suwe lan mesti bakal cepet ilange.
Kangge pemerintah ugi kudu nemokake cara ingkang sae lan cara ingkang anyar supados para warga pada ngerti kepriye bahayane penyakit DB lan kepriye carane para warga ngerti progame pemerintah masalah kahanan bahayane penyakit DB. Para warga ugi kedah nanggepi, lan manut apa sing diprogamke pemerintah kangge naggulangi wabah DB.

Karesikan, kabersihan lingkungan lan kasehatan menika larang regane ugi lingkungan kedah dijaga supados mboten digawe sarang lamuk ingkang ngrugekake awak lan raga kita. 

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket