Gurit-Gurit

Jumat, 02 Januari 2015


Ireng buteng tanpa sinar
Tanpa geni
Tanpa lilin
Tanpa dilah
Rembulan ora padha katon sipate
Lintang padha lelungan ora katon kaya biyasane
Pratandha apa iki
Menungsa padha golek pepadang
Padha dedongan marang kang gawe urip
Padha ngurus awake dhewe-dhewe
Nyeseli perkara kang wus kalakonan
Golak-galok panjaluk ampunan




Atosing penggalihmu
Saiki, aku pancen nora bisa
Aku nora bisa panjaluk
Lan panjaluk
Nanging sak atos-atosing penggalihmu
Mesti bakalan pecah
Lan sing mecahke menika aku
Lan aku panjaluk
saking dasaring penggalihmu
Aku katresnan marang sliramu


0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket