Esay

Sabtu, 10 Januari 2015


Sinahu menika pancen wajib dilakoni menungsa kangge ngerti apa wae sing ana ning alam donya. Pinter lan ngerti menika ukara sing pas kanggo gambarake menungsa kang padha sinahu. Sinahu bisa gawe kita sedaya dados ngerti apa wae kahanan ingkang ala lan becik. Indonesia tahu di gawe jajahan para negara-negara kang maju kaya Landa, Jepang, Portugis menika sebabe Indonesia tesih padha bodho-bodho. Apa wae sing di kongkon dening para penjajah dilakoni para rakyat Indonesia. Prastawa kaya mangkana, uga mboten kepingin malih dilakoni dening para rakyat Indonesia.
Wajib sinahu menika sing di unekke, di suwarakake ning Indonesia saiki, nanging kahanane marang kurikulum utawa patokan aturan sinahu ning Indonesia apa ya wes bener?.
Tanggepan
Murid lan guru kudu padha narima, apa sing di umumke dening pemerintah. Nanging nyatane, sing padha siap narima kurikulum 2013 ya padha tegak ngenani aturan sing anyar, amergi sekolahe sampun dados maju lan duweni syarat kanggo ngelakoni kurikulum 2013. Nanging bedha kanggo sekolah kang durung diarani maju, sarana lan prasarana tesih ana batesan utawa kekirangan. Para murid lan guru kang ngerasa duweni kekirangan ngerasani aturan anyar kaya dene meksa, amergi sing ngelakoni. Kaya dene tuturane salah sawijining guru ing Sekolah MA NU Nurussalam ing daerah Kendal yaiku Bapak Qulyubi kang kamuat dening berita Metro news ing wekdal 13 September 2014. Nanging bedha dening tuturane murid saking SMA 1 Jakarta yaiku Fina, miturute kurikulum 2013 gampang dipun pahami amergi sarana lan prasarana ingkang ngebantu ing dalem dening sinau, kaya dene internet, proyektor lan liya-liyane.
Setuju lan ora setuju menika sing dirasakake dening guru-guru lan murid-murid ngenani masalah patokan kurikulum 2013.
Guru lan lan murid sing ngelakoni anyare kurikulum ngerasa ana sing seneng lan ana sing ngerasa susah. Ora sepantese rerasan dilakoni, utamane kanggo murid kang padha semangat golek ilmu kanggo ngenani masa depane, apa yo kudu di bot-bot masalah patokan sinahu kang sabenere. Perubahan menika pancen apek, nanging nalika perubahan menika dereng dibarengi dening aspek-aspek ingkang dados dukungan kangge wujud perubahan nggih luwih becik dilakoni nganti cara tembung alon-alon sing penting kelakon.
Pemerintah kang duweni tanggung jawab, miturut Anies Baswedan menteri anyar kang dilantik Perseiden Joko Widodo lan ngejabat dados Kemendikbud nggenteni menteri sadurunge M. Nuh, wenehi kebijakan ngenani kahanan kurikulum kang dadi masalah ing sekolah-sekolah. Ing tanggal 5 Desember 2014, dheweke ngendheg kurikulum 2013 kangge sekolah kang durung padha siap ngenani Kurikulum kang anyar lan di gantos dening KTSP, kurikulum sadurunge. Nanging kangge sekolah kang padha siap ing dalem segi sarana lan prasarana kangge kurikulum 2013 menika saged silanjutke kemawon. Keputusan dening Pak Anis menika dados gawe pitakonan dening para warga Indonesia, kaya dene ganti pimpinan, aturan ya padha ganti.
Tetembungan menika, inggih ana bener lan salahe. Nanging kaya dene masalah kaya mengkene lan bukti ning lapangan kang padha akeh rerasa saking pihak kang ngelaksani, putusan saking Menteri Kemendikbud perlu diwenehi sambutan ingkang sae.

Becik lan sukses menika sing dikarepake dening sakabehane menungsa, utamanipun para pimpinan ning Indonesia kang diwenehi amanah saking para warga Indonesia. Cara lan kebijakan-kebijakan kang dijalanake menika mesti nunjukake kahanan ingkang nuduhake kabecikan. Nanging, sisitem-sistem, komponen-komponen kang dados dasar tujuan dening perubahan Kurikulum perlu di tiliki maneh apa wae ingkang dados kekirangan, supados para pelaksana (murid, guru) mboten duweni keluhan lan ngelakoni dumugi rasa kepenak.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket