Gurit-Gurit

Minggu, 11 Januari 2015


Tak tampa wewehanmu
Kanti ati kang ikhlas
Dedongaku marang gusti kang kuasa
Mugi-mugi diwenehi keselametan donya akhirat
Sandhang elek mugiyo dadi sing apik
Aku mung bisa ngucap menika





Srengenge kang kuasa wektu esuk
Lan madhangi donya wektu sakmana
Kalah karo wektu kang saya surup
Saya petheng
Suara adhan, wenehi tandha wektu sembahyang
Wit-witan, godhong-godhong padha layu
Jangkrik wes padha ngerik
Krik… krik… krik…
Nanging delengen, bunderan ing langit
Kang padhang sinare
Apa maneh kekancan karo lintang kang padha kelip-kelip
Kaya kakang, adhi kang padha dolanan akur


0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket