Gurit-Gurit

Rabu, 07 Januari 2015


Sumibrit angin
Wus… wus…
Ngeti sliramu serasa adhem ayem
Langkah samparanmu
Tak-tuk-tak-tuk
Serasa suara detikan jam,ingkang kaasta marang awakmu
Suara gamelan nambahi keendahan marang tekamu
Ning… nang... ning… glung… glung… glung…
Setitik lirikan sacamu, yakinake        
Nek awakku lan awakmu kapingin padha kenal



Mripat loro kerasa abot panggawe ngeti
Pikiran kerasa abot
Awak kerasa lemes
Dhuh… adhuh… kena apa iki…
Angin sumibrit gawe enak rerasane awak
Mripat loro saya suwe pengin merem
Lelagon tembang Jawa nambahi kepenak ing pikiran
 Whus…. whus… whus….
Awak sesendenan ing singgasana lelungguhan
Ngeti jagat saya suwe arep ilang

Brak… ambruk awak iki

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Pocket